Sabtu, 11 Februari 2012

crito wayang mahabrata


Ramaparasu [9] : Kang Wus Padha Sumeleh

Kacarita tandhing tyasa ing antarane Patih Suwanda lawan Parabu Dasamuka dedreg umyeg anggenirisi. Senajanta dedeging sarirane Patih Suwanda kang prasasat gedhene amung sakpupuning Prabu Dasamuka ya Sang Rahwana Raja, nanging tetela lamun Patih Suwanda saguh anrenggalangi krodane Prabu Dasamuka kang tandange liwung kaya pangamuking singa barong. Patih Suwanda kang putus ing saliring agal lembat senajana mangkana, nanging bawane eling marang pangandikane kang rayi, Bambang Sukasarana, meksa ana rasa kang anggelayut ing telenging ati. Rasa kang aweh sasmita menawa ing kene wus tiba wahyaning mangsa kala, lamun kudu tumuli kumpul bareng kang rayi, munggah ing swargaloka.

Geter pater sarirane Bambang Sumantri kawimbuhan ing pamawas, menawa wiwaraning swarga wus menga lan ing kana ana wewujudaning keng rayi Bambang Sukasrana kang mesem angawe-awe. Mangkana lena pangindhane Bambang Sumantri nalika Prabu Rahwana nggigit janggane. Siyung mingis kang kembeng ing wisa mandi tumancep ing jangga, kabarakot ponang jangga, sirna marga layu Bambang Sumantri apengawak kusumaning negara. Surak mawurahan ambata rubuh sanggyaning wadya bala Ngalengka Diraja, wruh yen ta tetungguling senapati Maespati wus sirna marga layu.

Sakala pepes barisaning prajurit Maespati kang wruh lamun tetungguling yuda wus kapupuh ing adilaga. Sanajan ta wus ngetog sakehing kekuwataning baris, nanging pangamuking wadya saka ing Ngalengka kang nyata liwung tan ana nganggo paugeraning aprang, meksa prajurit Maespati pada mundur lumaris salang tunjang pati-pati ambentusi.

Nanging ora kandheg amung samana tandange Rahwana Raja, senajanta wus sirna Patih Suwanda, raga maksih kapotheng-potheng, kajuwing lan kabalang-balang ing rananggana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengikut