Bebana
Pak karto duwe anak papat.kabeh wadon,kabeh ayu.sing telu wis omah-omah,kari sing ragil sing durung.kamangka saiki umure wis nyandhak selikur taun.iki beda karo mbakyu-mbakyune,sing durung genep nembelas taun wis dadi manten.
Cara-carane Pak Karto golek mantu pancen kalebu aneh.Dhasare wong sugih,tur kasinungan sipat umuk.Mula carane golek mantu nuruti karepe dhewe.Sing dipilih,bocah lanang,rosa,mituhu,lan bebasane gelem dijak nggarap sawah kurang luwih sewindu.Siji maneh kudu anake wong sugih.
Nalika njodhakake anank-anake ora ana pambengan sawiji apa.Nanging bareng duwe krenteg ngomah-omahke si wuragil, bebasane wong mlaku kesrimpung-srimpung. Ora merga ara ana bocah lang sing gelem ngleboni patembayange Pak Karto, nanging pepalang iku nyrungat saka Sriyatun, anake wadon dhewe. During suwe iki, nalika bocah sing dadi kembang desa iku ditari rabi, terang-terangna nyengkal karep.
“Aku gelem rabi, Pak. Nanging yen carane Bapak nggolekake bojo kaya mbakyu-mbakyuku, aku emoh”. Ngono semanatane Sriyatun.
“Njur karepmu ?”bapakne njingkat,”Apa iya umum bocah wadon golek bojo dhewe ?”
“jaman saiki umum, Pak.”
Lho, mangka aku wis duwe inceran je.”
“Bocahe rosa, yen menyang sawah ora kelingan mulih, terus yen dikon ngapa-apa karo Bapak, anane mung monat-manut bae ta?”
“Iku kabeh kanggo kamulane awakmu. Coba yen bojomu bocah ugal-ugalan, senengane mung plencang-plencung ora karuwan, sapa sing cilaka ?”
“Bapakmu bener, Sri. Coba sawangen mbakyu-mbakyumu kae. Arepe biyen ora seneng karo bojone, saiki anake ya akeh,” mbokne nindhihi.
Krungu tembunge mbokne, Sriyatun menjeb, terus nglungani. Bubar prastawa iku, Pak Karto sajak kamijinjan. Emane, pikirane terus kagubel angen0angen kepengin enggal-enggal ngomah-omahake si wuragil.
“Mas, mengko yen ditakone Bapak apa Simbok, aja ngaku yen sampeyan putrane Pakdhe Hartoyo,” kandhane Sriyatun karo tangane nggandhul ing pundhake bocang lang pawakane sadheng.
“Jare bapamu lagi gerah.”
“Iya.”
“Njur aku kon ngaku apa ?”
Ngakuo rewange Pak Kasan, tanggane Pakdhe Haryoto.”
Sukirno, arane bocah lanang iki nggleges. Ketang tresnane marang kembange desa sing dadi rebutne bocah lanang pirang-pirang kampung iku, dheweke manut. Ora dadi apa ngurbanake ajidhiri waton bisa kasembadan karepe wong loro.
Sriyatun dhewe wis gilig, sedya masrahake jiwa ragane mung marang priya aran Sukirno .
Embuh piye mengko dadine, tekad iku sajak wis manjing jero tekan balung sumsum sanubari.
Karan jenenge bae nyandiwara, bareng tekan omahe Sriyatun , Sukirno ganti slaga.
Tindak-tanduke digawe nyremimih wedi-wedi wani.Apamaneh bareng mlebu kamare Pak Karto, olehe ndhingkluk amarikelu.
“Iki pa Sri, bocah sing kok karepake?” pitakone Pak Karto karo tetep turonan.
“Iya Pak.”
“ Apa isa nyambut gawe ?”
“Pak, aja ngono ta. Mbok dibagekake dhisik lo.”
“Pak, aja ngono ta. Mbok dibagekake dhisik lo.”
“Waras nak?” Swarane Pak Karto adhem njekut.
“Pangestunipun.Bapak gerah punapa?”
“Mung rada mumet”
Banjur meneng.Pak Karto ora ucap ora segu . Sukirno kamiblangkem olehe arep nerusake.
“Mas Kirno,dikepenakake dhisik ya, aku tak gawe wedhang.”
Sukirno manthuk.
Saungkure anake wadon, Pak Karto sajak nemu kucing gering. Kepengin ngecek-nggeceka, kepengin nendhang-nendhanga.Kamangka, iki sing ora nate dipetung dening wong tuwa kaya Pak Karto.Bocah lanang ing ngarepe sejatine nduwe rupa bagus jatmika.
“Kandhane Sriyatun, kowe anake Kasan Pring, bener ?” wekasane Pak Kaerto mbukani rembug. Sukirno manthuk. Pak Kasan pancen panggaotane bakulan pring.
“Terus kowe mrene ngarap ngapa ?”
“Menawi Bapak kersa,kula badhe tawi bau.”
“Awakmu kaya priyayi,apa kowe bisa macul ?”
“Pak,mbok aja kaya ngono loh,”Sriyatun njedhul karo nggawe wedang rong gelas lan sepiring gedhang goreng.
“Aku iki wong tuwoSri dadi wis ngerti glagat-glugute karep.”
“Lha nek wis ngerti glagat-glugute karep, baune Mas Kirno ditampa bae,” pandhesege Sriyatun adreng. “Prekara awake mriyayeni, sing penting rak kesaguhane. Anu....Mas, wedange disambi lho!” Pak Karto watuk-watuk. Katone arep nampek karepe anake wadon. Nanging kanggo ngucapake tembung-tembung iku ora tekan.
“Iki ngene, jane aku ora bisa nampa kowe.” Wicarane Pak Karto sajak bot-boten,” Ning yen kowe niyat rewang-rewang aku, dak pasrahi lemah telung bau. Paculen dhewe, lan telung dina kudu wis rampung. Yen ora rampung, kejaba tenagamu ora tak ajeni, kowe ora kena canthuk lawung maneh karo anakku wadon.”
Sriyatun arep nduwe karepe Bapakne, nanging wis kadhisikan Sukirno nelakake kasaguhane. Macul telug dina telung bau? Gamblis, ngono batine. Dene Sriyatun, tumekane Sukirno pamit mulih, mung plonga-plongo.
Nanging esuke, mruput banget, Sriyatun wis tekan omahe Sukirno. Kegawa rasa kuwatir kelangan priya papan ugeraning ate, prawan iku nutuh semu ngersula.
“Panjengan piye ta Mas?” Lha wong dikongkon macul telung bau kudu rampung telung dina, kok saguh.”
“Ya, ora apa-apa. Sing arep nglakoni rak aku.”
“Arepa sing nglakoni njenengan, yeng nganti ora rampung telung dina, awake dhewe kudu pisah. Bapak ki yen wis duwe kekarepan ora kena nyang-nyangan.”
“Lha ya diusahakake, ben rampung telung dina.”
“Arep nyambat sapa ?”
“Dak pacul dhewe.”
“Dak pacul dhewe.”
“Aaaahh, mbuh lah. Ra tekan olehku mikir.”
Krungu panggresahe Sriyatun sing sajak mutung, Sukirno nggleges. Wekasan Sukirno njlentrehake. Manawa sawah iku ora dipacul nganggo tangan, nanging nganggo mesin. Kebener dheweke mentas tuku traktor sing banjur dimodifikasi dhewe. Asil modifikasine, kajawa duwe “cakar ganda”, lakune luwih cepet, tilas wlukonane langsung bisa ditanduri, sisih ndhuwur uga diselehi palungguhan saengga olehe nglakokake mung kaya wing nyubir mobil ae. La kepiye, eling-eling Sukirno iku sarjana pertanian weton pawiyatan luhur kondhang. Dene Sriyatun, sawise ngrampungake SMA sasat ora duwe gegayuhan, ora nate duwe pretungan tekan semono.
Bareng ngerti dhodhok selehe, Sriyatun mung bisa ngruket kekasuhe. Rasa trenyuhe kaliwat-liwat. Apa sing dikandhakake dening Sukirno pancen ora mung umuk. Patang dina sawise dheweke nelakake kesaguhane, Pak Karto mrangguli sesawangan sing gawe gorehing pikir. Kepiye ora? Sawah ngilak-ilak saomono ambane, saiki wis sayaga ditanduri.
“Bocah loro kae pancen edan kabeh!” ngono grenenge Pak Karto.
Bengine, watar lebar maghrib, atine Pak Karto wis ora bisa disuyuti maneh. Dhadhane mbeseseg kebak embuh apa sing saya suwe saya munclak-munclak.
“Sriyatuuun,” pangundange Pak Karto adreng.
Suwalike, sing diundang kepara aso-aso bae.
“Seneng ya, kowe bisa mlekotho Bapakne?” kandhane Pak Karto karo njenggung anake wadon.
“uuuu... Bapak!”
“A-u-a-u gundhulmu kuwi, Bapak ki isin Sri! Kadhung doalanan bocah, jebul sing dienggo dolana ora baen-baen!”
“Ya ben kapok, Pak!” saute Sriyatun tanpa dosa.
“Ooo... cah edan !” pisuhe bapakne kanthi patrap nesu. “Sesuk-esuk, kowe kudu tekan ngomahe Kirno. Omonga yen sesuk bengi, bocahe konen mrene!”
“Kon ngapa ?”
“Cah loro arek dak-ajar. Ben kapok, kurang ajar karo wong tuwo !”
“Hihihihhihi....., Bapak !”
