Sabtu, 11 Februari 2012

crito wayang mahabrata


Rama Parasu [10] : Rama Parasu Mukswa


Kocap kacarita, Sang Rama Parasu paripaksa ngambali angupadi ing ngendi dununging Bathara Wisnu. Nanging samangke dalan kang bakal kaambah wus katon nglegewa tan ana padhas curi kang rumpil. Amarga wus ana titikan manawa sejatine, kang den ulari wus gumathok parane. Bathara Wisnu sejatine wus nyarira marang satriya saka ing Ngayodya, kang aran Raden Rama ya Raden Regawa.

Mangkana Rama Bargawa wus manjing wana gung liwang liwung kang njlujur pener tanpa menggok marang parane Negara Ayodya. Wana kang kebegan ing eri bandhil bebondhotan. Ing kana tan kapireng aba swaraning jalma manungsa kang kapireng amung pambekosing warak lan pambaunging sima miwah pangempreting dwipangga. Nanging uga ana sajuga swara bebisik kang tinumpangan ing samirana. Tan ana sisip lamun iku swara pambisiking jim setan peri prayangan kang amalaya bumi. Keclap-keclap wujuding kang peri lan prayangan cat ilang cat katon kanti wujud kang karya gogrog marasing kang tan darbe kawanen.

Mangkana Sang Rama Parasu tindake anelasak grumbul kang karya mobah kumarasak swarane. Sanajanta eri bandhil kang kasangkut ing raga temah pada rebah kasulayah, nanging tan kuwawa nyebit kulit daginging Sang Parasu. Tan ana bisa anggogrogake wulune senajan amung salamba! Mangkana lampahe Sang Ramaparasu wus laju. Lampahing jalma kang tetela wus ander pati, wus jeleh marang eden-edening ngaurip. Kang sinedya ing telenging nala, amung angantu-antu, kapan baya wahyane sarira bakal kasirnaake dening titising Bathara Wisnu.

Senajanta raga wus tan pakra kaya satataning jalma. Sarira kang amung alelancing klikaning kekayon sesabuk oyoting mandira, nanging dedeging angga kang teguh bhirawa amuwuhi santosaning otot bebayune. Rikma kang tuwuh gimbal, ingudhal madhul madhul tumumpang midhangan kanan kering, lan ing wingking angalembreh dumugi ing wadidang, sinawang kaya witing lapa kang tuwuh ing imbanging jejurang.

Sang Parasu amung amboga pepucuking tetuwuhan, kaleyanging kekayon lan amung anginum bun kang kacipta jagat ing kalaning gagat enjang, parandene sarirane nyata katon saya angenguwung tejane.

————————————————————————————————–

Ganti kang winuwus, seje papane nunggal caritane. Nalika samana ing Negari Mantili Dirja, ana pawarta kang wus sumebar angebegi jagad, lamun ana sayembara ngalap sekaring kedhaton ingkang sesilih Rekyan Sinta wus kagelar. Rentenging penggalih Sang Nata Mantili Dirja, Prabu Janaka, marga negara Mantili nalika samana wus kinepung raja sewu negara kang nunggal karep ngayunake Sang Rekyan Sinta. Paripaksa Sang Nata anggelar sayembara menthang langkap. Sak sapaa kang widagda menthang langkap Kyai Gandewa tumekeng tikel, sayekti iku kang winenang amengku garwa Sang Raja Putri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengikut